Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 18:19-39 Kitab Sutji (JAV)

19. Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa nglempakaken tiyang Israel sadaya wonten ing redi Karmel, ugi para nabining Baal ingkang cacahipun kawan atus seket punika saha para nabinipun Asyera ingkang cacahipun kawan atus punika, ingkang sami kaparingan tedha saking ing mejaning kratonipun Sang Prameswari Izebel.”

20. Sang Prabu Akhab tumuli utusan menyang ing sawewengkoning Israel kabeh kadhawuhan nglumpukake nabi-nabi iku menyang ing gunung Karmel.

21. Nabi Elia banjur nyelaki rakyat kabeh lan ngandika: “Isih pira suwene anggonmu padha laku dhengkling lan mangro tingal iku? Manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, iku etut burinen, dene manawa Baal, iku etut burinen.” Nanging rakyat ora ngaturi wangsulan sanadyan mung sakecap bae.

22. Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.

23. Nanging, coba aku padha wenehana sapi lanang loro; nabi-nabi iku cikben milih siji, supaya dipurak lan ditumpangake ing kayune, nanging aja digeneni. Aku iya bakal nyawisake sapi sijine lan banjur daktumpangake ing kayune sarta uga ora dakgeneni.

24. Sawuse mangkono kowe padha nyebuta jenenge allahmu, dene aku uga bakal nyebut asmane Pangeran Yehuwah. Anadene allah kang paring wangsulan sarana geni, yaiku kang jumeneng Gusti Allah!” Rakyat kabeh padha mangsuli, ature: “Inggih prayogi makaten!”

25. Nabi Elia nuli ngandika marang para nabine Baal: “Padha miliha sapi siji lan padha cecawisa dhisik, amarga cacahmu iki akeh. Sawuse mangkono banjur padha nyebuta jenenge allahmu, nanging kowe ora kena ndokoki geni.”

26. Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.

27. Bareng wayah tengange Nabi Elia wiwit moyoki wong-wong iku, pangandikane: “Anggonmu nyebut sing seru, iku rak allah ta? Bokmanawa lagi ngalamun, bokmanawa lagi ana urusan seje, bokmanawa lagi lelungan; ayake lagi turu, durung tangi.”

28. Mulane wong-wong mau saya seru anggone padha nyebut sarta padha natoni awake kalawan pedhang lan tumbak kaya kang wus dadi adate, satemah getihe dhleweran saka ing awake.

29. Bareng wus kliwat wayah tengange, ngarepake wayahe nyaosake kurban sore, polahe kaya wong kang padha kepanjingan, nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli, ora ana tandha yen kagatekake.

30. Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat kabeh: “Padha nyedhaka aku mrene!” Rakyat kabeh nuli padha nyedhaki panjenengane. Nabi Elia banjur mbenakake misbyahe Pangeran Yehuwah kang wus kabubrah.

31. Sawuse iku nuli mundhut watu rolas, miturut cacahe taler tedhake Rama Yakub. -- Rama Yakub iku wus kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah: “Sira bakal ajeneng Israel.” --

32. Watu-watu mau kadamel misbyah demi asmaning Sang Yehuwah, ing sakubenge misbyah diparingi kalenan kang kena diiseni winih rong sukat.

33. Nabi Elia banjur numpuk kayu-bong, sapine kapurak lan purakane katumpangake ing kayu mau.

34. Sawuse iku tumuli ngandika: “Njupuka banyu patang jun, esokna ing kurban obaran lan ing kayu-bong iku!” banjur ngandika maneh: “Pindhonana!” Banjur iya dipindhoni. Nuli ngandika maneh: “Ping telonana!” Banjur diping-teloni,

35. nganti banyune mili ing sakubenge misbyah, malah kalenane nganti kebak banyu.

36. Bareng wus wayahe nyaosake kurban sore, Nabi Elia banjur majeng lan munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Rama Abraham, Iskak saha Israel, ing dinten punika mugi kasumerepana dening tiyang, bilih Paduka punika Gusti Allah wonten ing satengahing Israel saha bilih kawula punika abdi Paduka punapa dene bilih anggen kawula nindakaken prakawis punika sadaya punika awit saking pangandika Paduka.

37. Paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula, supados bangsa punika nyumerepana, bilih Paduka punika Gusti Allah, dhuh Yehuwah, saha bilih Paduka ingkang damel mratobating manahipun.”

38. Ing kono genining Sang Yehuwah banjur tumurun lan nyamber kurban obaran, kayu-bong, watu lan lemahe nganti entek gusis, malah banyu ing kalenane uga asat kadilat ing geni mau.

39. Nalika rakyat kabeh ndeleng kadadean iku, tumuli padha sujud sarta ngucap: “Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah! Pangeran Yehuwah, Panjenengane iku Gusti Allah!”

maca bab lengkap 1 Para Raja 18