Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 18:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse antara suwe, ing taun kang katelu ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Elia mangkene: “Sira mangkata, ngatona awakira marang Akhab, sabab Ingsun bakal paring udan ana ing bumi.”

2. Nabi Elia nuli tindak ngatingalake sarirane marang Sang Prabu Akhab. Anadene pailan kang tumempuh marang Samaria iku abot banget.

3. Awit saka iku Sang Prabu Akhab wus nimbali Sang Obaja kang dadi panggedhening kraton. Sang Obaja iku priyayi kang temen-temen anggone ngabekti marang Sang Yehuwah.

4. Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.

5. Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Sang Obaja: “Nagara iki dlajahana lan sakehe sumber lan sakehing kali paranana, bokmanawa kita isih oleh suket kanggo nguripi jaran lan bihal sarta ora usah mateni kewan iku siji-sijia.”

6. Banjur padha mbage-mbage wilayah kang bakal padha didlajahi, Sang Prabu Akhab nuli tindak piyambakan ndlajahi wilayah kang siji, dene Sang Obaja ndlajahi wilayah sijine.

7. Ana ing dalan Sang Obaja kepethuk Nabi Elia. Bareng wus ora pangling marang panjenengane, Sang Obaja tumuli sujud lan matur: “Punapa panjenengan punika bendara kula Elia?”

8. Paring wangsulane Nabi Elia: “Iya bener! Mangkata, matura marang gustimu: Punika Nabi Elia wonten.”

9. Nanging ature Sang Obaja: “Kula nglampahi dosa punapa ta, dene panjenengan badhe ngulungaken ingkang abdi punika dhumateng Sang Prabu Akhab, supados kula dipun pejahi?

10. Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang gesang, saestunipun boten wonten bangsa utawi karajan, ingkang boten dipun dhatengi utusanipun gusti kula Sang Prabu Akhab prelu ngupadosi panjenengan. Sarta manawi wonten tiyang ingkang munjuk: Panjenenganipun boten wonten ing ngriki, Sang Prabu lajeng dhawuh dhateng karajan utawi bangsa punika supados sumpah, bilih panjenengan boten pinanggih wonten ing ngriku.

11. Mangka sapunika panjenengan kok dhawuh: Mangkata, matura marang gustimu: Nabi Elia punika wonten.

12. Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Para Raja 18