Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 17:5-7 Kitab Sutji (JAV)

5. Panjenengane banjur tindak lan nindakake apa kang kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah; panjenengane tindak lan lereb ana ing pinggiring kali Kerit ing sisih wetane bengawan Yarden.

6. Ing wayah esuk lan sore manuk gagak padha nyaosi roti lan daging marang panjenengane dene ngunjuke saka ing kali kono.

7. Nanging bareng wus sawatara mangsa, kali mau nuli asat, sebab ing nagara kono ora ana udan.

maca bab lengkap 1 Para Raja 17