Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 17:19-24 Kitab Sutji (JAV)

19. Nabi Elia mangsuli pangandikane: “Anakmu iku gawanen mrene.” Bocahe nuli dipundhut dening Nabi Elia saka ing pangkoning wong wadon iku banjur kabekta munggah menyang ing kamare ana ing dhuwur, nuli katurokake ing pasareane.

20. Sawuse mangkono banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah kalawan sora: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Punapa Paduka inggih ngganjar cilaka dhateng randha punika, ingkang nampeni kula, tiyang ingkang neneka punika wonten ing griyanipun, kalayan patrap mejahi anakipun?”

21. Panjenengane nuli ngrungkepi bocahe ping telu, lan munjuk kalawan swara sora marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula! Paduka mugi karsaa mangsulaken nyawanipun lare punika dhateng ing badanipun.”

22. Sang Yehuwah njurungi panyuwune Nabi Elia iku, lan nyawane bocahe tumuli bali marang ing awake, temah dadi urip maneh.

23. Nabi Elia banjur mbopong bocah mau lan dibekta mudhun saka ing kamar ing dhuwur menyang ing omah sarta dipasrahake marang ibune. Pangandikane Nabi Elia: “Enya, iki anakmu, wus urip!”

24. Wong wadon mau tumuli matur marang Nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 17