Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 17:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Ature wong wadon mau: “Demi Yehuwah, Gusti Allah panjenengan ingkang gesang, kula saestu boten gadhah roti sanadyan namunga sakedhik, kejawi glepung sagegem wonten ing wadhah kaliyan lisah sakedhik wonten ing guci. Lah sapunika kula saweg nglempakaken kajeng kalih utawi tigang lonjor, lajeng badhe mantuk tuwin ngolah sawontenipun wau kangge kula lan anak kula, saha sasampunipun nedha, kula lajeng sami badhe pejah.”

13. Nanging pangandikane Nabi Elia: “Kowe aja kuwatir, muliha, nglakonana apa kang wus kokkandhakake mau, nanging sadurunge aku olahna roti dhisik, kang cilik bunder siji saka iku, tumuli gawanen mrene, sawuse mangkono banjur olaha kanggo kowe lan anakmu.

14. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Glepung ing wadhah iku ora bakal entek sarta lenga ing guci iku uga ora bakal suda, nganti wus tekan ing titi-mangsane Sang Yehuwah paring udah ana ing bumi.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 17