Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 16:21-34 Kitab Sutji (JAV)

21. Ing nalika samana bangsa Israel pecah dadi rong golongan. Sagolongan ngeloni Sang Tibni bin Ginat, karepe bakal kajumenengake dadi ratu, lan sagolongan ngeloni Sang Omri.

22. Nanging rakyat kang ngeloni Sang Omri luwih kuwat tinimbang kang ngeloni Sang Tibni bin Ginat. Sawuse Sang Tibni seda, Sang Omri banjur jumeneng ratu.

23. Ing taun kang kaping telung puluh sijine jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Omri jumeneng dadi ratu ing Israel sarta anggone ngasta paprentahan lawase rolas taun. Ana ing Tirza anggone ngasta paprentahan enem taun.

24. Panjenengane nuli mundhut gunung Samaria saka Semer rega rong talenta selaka. Banjur yasa kutha ana ing gunung kono kang diparingi jeneng Samaria, miturut jeneng Semer, kang duwe gunung iku.

25. Sang Prabu Omri tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah ngluwihi sakabehe kang padha ngrumiyini.

26. Sugenge nulad sakehe solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat lan dosane Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.

27. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Omri, apa kang katindakake lan kaprawirane, iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para raja ing Israel.

28. Sang Prabu Omri nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta banjur kasarekake ing Samaria. Pangeran Akhab, kang putra tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

29. Sang Prabu Akhab, putrane Sang Prabu Omri, anggone jumeneng dadi ratuning Israel ing taun kang kaping telung puluh wolune jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda. Anggone ngasta paprentahan ing Israel Sang Prabu Akhab putrane Sang Prabu Omri iku lawase rolikur taun ana ing Samaria.

30. Sang Prabu Akhab putrane Sang Prabu Omri iku tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ngluwihi sakabehe kang padha ngrumiyini.

31. Anggone lumampah ing sajroning dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat iku kaya-kaya durung cukup, mulane banjur mundhut garwa Sang Putri Izebel, putrane putri Sang Prabu Etbaal ratu ing Sidon, satemah panjenengane nuli ngabekti marang Baal kalawan disujudi lan disembah.

32. Sang Prabu tumuli yasa misbyah kanggo Baal iku ana ing papan pamujaning Baal, kang kaadegake ana ing Samaria.

33. Sawuse iku Sang Prabu Akhab banjur yasa reca Asyera tuwin anggone tumindak mangkono iku dibacut-bacutake, satemah njalari gerahing panggalihe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ngluwihi sakehing ratu ing Israel kang ngrumiyini panjenengane.

34. Ing nalika jaman samana Hiel, wong Betel, mbangun Yerikho maneh. Anadene anggone masang tetalese iku kanthi ngurbanake nyawane Abiram, anake kang pembarep, lan anggone masang lawanging gapurane kanthi ngurbanake nyawane Segub, anake kang ragil, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah, kang kapangandikakake lumantar Hakim Yuzak bin Nun.

maca bab lengkap 1 Para Raja 16