Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 16:16-28 Kitab Sutji (JAV)

16. Bareng rakyat kang lagi makuwon iku krungu wong aweh pawarta: “Zimri wus nganakake sakuthon lan uga wus nyedani Sang Prabu,” ing dina iku uga, ana ing papan makuwone iku, wong Israel kabeh banjur njumenengake Sang Omri, senapatining wadya-bala, dadi ratuning Israel.

17. Sawuse mangkono Sang Prabu Omri kalawan Israel kabeh padha mangkat saka ing Gibeton, sarta banjur ngepung Tirza.

18. Bareng Sang Prabu Zimri mirsa, manawa kutha iku wus bedhah, banjur enggal-enggal lumebet ing purining kraton lan mbesmi kraton iku, sajrone panjenengane piyambak iya ana ing kono, nuli nemahi seda,

19. marga saka dosa-dosa kang wus dilampahi, yaiku anggone nindakake apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah sarta sugenge nulad solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa uga.

20. Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Zimri lan sekuthon kang dianakake, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para raja Israel.

21. Ing nalika samana bangsa Israel pecah dadi rong golongan. Sagolongan ngeloni Sang Tibni bin Ginat, karepe bakal kajumenengake dadi ratu, lan sagolongan ngeloni Sang Omri.

22. Nanging rakyat kang ngeloni Sang Omri luwih kuwat tinimbang kang ngeloni Sang Tibni bin Ginat. Sawuse Sang Tibni seda, Sang Omri banjur jumeneng ratu.

23. Ing taun kang kaping telung puluh sijine jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Omri jumeneng dadi ratu ing Israel sarta anggone ngasta paprentahan lawase rolas taun. Ana ing Tirza anggone ngasta paprentahan enem taun.

24. Panjenengane nuli mundhut gunung Samaria saka Semer rega rong talenta selaka. Banjur yasa kutha ana ing gunung kono kang diparingi jeneng Samaria, miturut jeneng Semer, kang duwe gunung iku.

25. Sang Prabu Omri tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah ngluwihi sakabehe kang padha ngrumiyini.

26. Sugenge nulad sakehe solah-tingkahe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat lan dosane Sang Prabu Yerobeam kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah gawe gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.

27. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Omri, apa kang katindakake lan kaprawirane, iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para raja ing Israel.

28. Sang Prabu Omri nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta banjur kasarekake ing Samaria. Pangeran Akhab, kang putra tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

maca bab lengkap 1 Para Raja 16