Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 16:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Yehu bin Hanani, kang wiraose nglawan marang Sang Prabu Baesa mangkene:

2. “Ing sarehne sira wus Sunjunjung saka ing lebu sarta Sundadekake ratuning umatingSun Israel, mangka lakunira kaya dene Yerobeam tuwin akon umatingSun Israel supaya nglakoni dosa, satemah njalari gerahing penggalihingSun marga saka dosa iku,

3. mulane lah Ingsun bakal numpes Baesa sakulawargane, karodene kulawarganira bakal Sundadekake kaya kulawargane Yerobeam bin Nebat.

4. Panunggalane sanak kadange Baesa iku sapa kang mati ana ing kutha, bakal dadi pakaning asu lan kang mati ana ing ara-ara bakal kamangsa dening manuk ing awang-awang.”

5. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Baesa lan apa kang dilampahi sarta kaprawirane iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

6. Sang Prabu Baesa banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure tuwin kasarekake ana ing Tirza. Pangeran Ela, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

7. Uga lumantar Nabi Yehu bin Hanani pangandikane Pangeran Yehuwah wus kaparingake, kang wiraose nglawan marang Sang Prabu Baesa lan kulawargane, marga saka sakehing pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah njalari gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah marga saka pandameling astane mau, mulane banjur padha kaya kulawargane Sang Prabu Yerobeam, tuwin uga anggone wus nyedani Sang Prabu Yerobeam.

8. Ing taun kang kaping nemlikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Pangeran Ela, putrane Prabu Baesa, jumeneng dadi ratune Israel ana ing Tirza. Anggone ngasta paprentahan suwene rong taun.

9. Nuli ana punggawane, kang asma Zimri, panggedhening saparone wadya-bala kretan, kang nganakake sekuthon nglawan panjenengane. Nalika panjenengane lagi ngunjuk inuman keras nganti wuru ana ing Tirza ana ing daleme Sang Arza, kang dadi panggedhene kraton ing Tirza,

10. Sang Zimri sowan lan banjur nyedani panjenengane yaiku ing nalika taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, sarta banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

11. Bareng jumeneng ratu, sawuse lenggah ing dhampare, banjur enggal-enggal numpes kulawargane Sang Prabu Baesa kabeh. Ora ana wong lanang siji-sijia saka panunggalane iku kang dilestarekake urip, dadia kulawargane, dadia para mitrane.

12. Kaya mangkono Sang Prabu Zimri anggone numpes kulawargane Sang Prabu Baesa kabeh, cocog karo pangandikaning Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Yehu,

13. marga saka sakehing dosa kang wus dilampahi dening Sang Prabu Baesa lan Sang Prabu Ela, kang putra, kang njalari wong Israel banjur padha nglakoni dosa uga, satemah padha damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel sarana dewa-dewane kang tanpa guna.

14. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Ela lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

15. Ing taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Zimri jumeneng ratu. Anggone ngasta paprentahan suwene pitung dina ana ing Tirza, nalika rakyat lagi makuwon ngepung Gibeton kang klebu wewengkone wong Pilisti.

16. Bareng rakyat kang lagi makuwon iku krungu wong aweh pawarta: “Zimri wus nganakake sakuthon lan uga wus nyedani Sang Prabu,” ing dina iku uga, ana ing papan makuwone iku, wong Israel kabeh banjur njumenengake Sang Omri, senapatining wadya-bala, dadi ratuning Israel.

maca bab lengkap 1 Para Raja 16