Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 15:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, tumuli enggal-enggal kendel anggone nyantosani kutha Rama tuwin banjur tetep ana ing Tirza.

22. Nanging Sang Prabu Asa tumuli ngering wong satanah Yehuda kabeh, ora ana kang ora katut. Iku padha didhawuhi ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani Rama. Sang Prabu Asa ngagem iku kabeh kanggo nyantosani Geba-Benyamin lan Mizpa.

23. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Asa lan sakehe kaprawirane tuwin sakehe pandamele sarta kutha-kutha kang disantosani, kabeh iku rak wus katulisan ana ing layang sejarahe para ratu ing Yehuda. Nanging bareng wus sepuh Sang Prabu kecandhak gerah sampeyan karo pisan.

24. Sang Prabu banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, rama leluhure, tuwin banjur digentosi dening Pangeran Yosafat, kang putra.

25. Sang Prabu Nadab, putrane Sang Prabu Yerobeam, anggone wiwit jumeneng ratu ing Israel ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda. Anggone ngasta paprentahan ing Israel suwene rong taun.

26. Panjenengane tansah nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, sarta sugenge nulad solah tingkahe kang rama sarta dosane kang rama, kang njalari wong Israel padha tumiba ing dosa.

27. Kacarita Baesa bin Ahia, panunggalane turune Isakhar nganakake sakuthon nglawan panjenengane. Sang Prabu disedani ana ing Gibeton kang klebu wilayahe wong Pilisti, nalika Sang Prabu Nadab lan bala Israel kabeh pinuju ngepung Gibeton mau.

28. Baesa anggone nyedani Sang Prabu iku ing taun kang katelune ing jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, sarta banjur jumeneng ratu nggenteni Sang Prabu Nadab.

29. Bareng wus jumeneng ratu enggal-enggal banjur numpes sakehe kulawargane Sang Prabu Yerobeam, nganti wus sirna kabeh, cocog karo pangandikaning Sang Yehuwah kang kalairake lumantar Nabi Ahia, abdine, wong Silo,

maca bab lengkap 1 Para Raja 15