Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 15:2-5 Kitab Sutji (JAV)

2. Telung taun anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem. Asmane kang ibu Maakha, putri putrane Sang Abisalom.

3. Sang Prabu Abiam iku sajrone sugenge tansah nindakake sakehing dosane kang sadurunge wus dilakoni dening ramane sarta anggone madhep marang Yehuwah Gusti Allahe ora kanthi gumolonging panggalih kaya Sang Prabu Dawud, kang eyang.

4. Nanging marga Sang Prabu Dawud, Sang Yehuwah, Gusti Allahe, paring turun marang panjenengane, ana ing Yerusalem, yaiku anggone banjur njumenengake kang putra, minangka gegentose sarta anggone nglestantunake adege Yerusalem,

5. amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.

maca bab lengkap 1 Para Raja 15