Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 15:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Malah Sang Putri Maakha, kang eyang putri, kalungsur pangkate anggone jumeneng ibusori, jalaran yasa reca Asyera kang nistha. Reca kang nistha iku kaebrukake dening Sang Prabu Asa lan kaobong ana ing lebake kali Kidron.

14. Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora diedohake nanging Sang Prabu Asa madhep marang Sang Yehuwah kanthi gumolonging panggalih ing sajege sugenge.

15. Sang Prabu mbekta pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge piyambak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku emas lan salaka sarta barang-barang liyane.

16. Anadene ing antarane Sang Prabu Asa lan Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel, iku salawase padha sugeng tansah ana perang.

17. Sang Prabu Baesa ratu ing Israel mangsah perang menyang ing Yehuda lan banjur nyantosani Rama, kanggo nyegah wong lelungan menyang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

18. Nanging Sang Prabu Asa banjur mundhut sakehe emas lan selaka kang isih kari ana ing gedhong pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan ing gedhong pasimpenaning kraton nuli katampakake marang para abdine. Iku padha kautus dening Sang Prabu Asa menyang ing ngarsane Sang Prabu Benhadad, bin Tabrimon bin Hezion, ratu ing nagara Aram, kang akedhaton ana ing kutha Damsyik, kalawan kaweling supaya matur:

19. “Wonten satunggaling prajanjian ing antawisipun kula kaliyan panjenengan, ing antawisipun rama kula kaliyan ingkang rama. Lah punika panjenengan kula caosi kintunan jene lan selaka. Sumangga, panjenengan kula aturi medhot prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados piyambakipun mundur saking wewengkon kula.”

20. Sang Prabu Benhadad njurungi panyuwune Sang Prabu Asa; panjenengane nuli dhawuh marang para panggedhening wadya-balane supaya nempuh kutha-kutha ing Israel sarta banjur nelukake Iyon, Dhan, Abel-Bet-Maakha tuwin sawewengkone Kinerot lan tanah Naftali kabeh.

21. Bareng Sang Prabu Baesa midhanget bab iku, tumuli enggal-enggal kendel anggone nyantosani kutha Rama tuwin banjur tetep ana ing Tirza.

maca bab lengkap 1 Para Raja 15