Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 12:5-19 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging padha diparingi wangsulan mangkene: “Padha mundura nganti besuk emben, nuli padha balia seba marang ingsun.” Rakyat kabeh tumuli padha mundur.

6. Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut pamrayoga marang para pinituwa kang sajege sugenge Sang Prabu Suleman, ramane, tansah ngamping-ampingi, pangandikane: “Kapriye pamrayoganira anggoningsun bakal paring wangsulan marang rakyat iku?”

7. Atur wangsulane: “Manawi ing dinten punika panjenengan dalem karsa paring wangsulan kalayan tetembungan ingkang sae, rakyat temtu lajeng badhe ngabdi dhumateng panjenengan dalem ing salaminipun.”

8. Nanging Sang Prabu ora karsa dhahar atur pamrayogane para pinituwa mau, sarta banjur mundhut tetimbangan marang para wong nonoman kang barakan kalawan panjenengane sarta kang ngamping-ampingi panjenengane,

9. pangandikane: “Kapriye panemunira, kapriye anggon kita bakal mangsuli rakyat kang padha matur marang ingsun: Panjenengan dalem mugi karsa ngenthengaken tanggelan ingkang kabebahaken dening rama dalem dhumateng kawula sadaya punika?”

10. Para nonoman barakan dalem mau nuli padha munjuk: “Panjenengan dalem karsaa paring wangsulan dhumateng rakyat, ingkang sampun matur wonten ing ngarsa dalem: Rama dalem sampun damel awrating sesanggenipun dalem sadaya, nanging panjenengan dalem mugi karsa paring kaenthengan dhumateng adalem sadaya -- panjenengan dalem mugi karsaa paring wangsulan makaten: Jenthikingsun luwih gedhe tinimbang lambunge ramaningsun.

11. Mulane saiki mangkene: ramaningsun wus maringi tanggungan kang abot marang sira kabeh, nanging ingsun bakal ngundhaki tanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”

12. Bareng let rong dina Yerobeam sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Rehabeam karo rakyat kabeh, ngetrepi apa kang didhawuhake dening Sang Prabu: “Besuk emben padha sowana mrene maneh.”

13. Sang Prabu paring wangsulan marang rakyat kalawan sugal; ora mreduli marang atur pamrayogane para pinituwa;

14. kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”

15. Dadine Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune rakyat, sabab bab iku pancen owah-owahan kang dikarsakake dening Pangeran Yehuwah, supaya Sang Yehuwah saged netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.

16. Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene:“Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud?Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika!Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel!Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!”Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,

17. satemah Sang Prabu Rehabeam mung jumeneng dadi ratune para wong Israel kang manggon ing kutha-kutha Yehuda.

18. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam tumuli ngutus Adoram, panggedhening wong nyangga karya nanging iku banjur dibenturi watu dening wong Israel kabeh nganti mati, malah Sang Prabu Rehabeam meh bae ora bisa nitih kretane mlajeng menyang ing Yerusalem.

19. Kaya mangkono wiwitane anggone wong Israel padha mbalela marang tedhake Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.

maca bab lengkap 1 Para Raja 12