Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 12:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Bareng Yerobeam bin Nebat krungu warta bab iku -- nalika samana dheweke isih ana ing Mesir, sabab lunga ngungsi mrana, nglungani Sang Prabu Suleman -- banjur enggal-enggal bali saka ing tanah Mesir.

3. Wong-wong banjur kongkonan ngundang, Yerobeam iya nuli teka bebarengan karo wong Israel sapasamuwan kabeh lan banjur munjuk marang Sang Prabu Rehabeam:

4. “Rama dalem sampun damel awrating tetanggelanipun dalem sadaya, mila sapunika panjenengan dalem mugi karsaa ngenthengaken padamelan ingkang ngrekaos ingkang kabebahaken dening rama dalem saha tanggelan ingkang awrat ingkang dipun sangkulaken dhumateng kawula sadaya, temah kawula lajeng sami badhe ngabdi dhumateng panjenengan dalem.”

5. Nanging padha diparingi wangsulan mangkene: “Padha mundura nganti besuk emben, nuli padha balia seba marang ingsun.” Rakyat kabeh tumuli padha mundur.

6. Sang Prabu Rehabeam banjur mundhut pamrayoga marang para pinituwa kang sajege sugenge Sang Prabu Suleman, ramane, tansah ngamping-ampingi, pangandikane: “Kapriye pamrayoganira anggoningsun bakal paring wangsulan marang rakyat iku?”

maca bab lengkap 1 Para Raja 12