Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 12:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. Kaya mangkono wiwitane anggone wong Israel padha mbalela marang tedhake Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.

20. Bareng wong Israel kabeh padha krungu, manawa Yerobeam wus bali, banjur kongkonan ngundang supaya nekanana parepatane, tumuli kaangkat dadi ratune wong Israel kabeh. Ora ana kang ndherek tedhake Sang Prabu Dawud, kajaba taler Yehuda.

21. Bareng Sang Prabu Rehabeam wus rawuh ing Yerusalem, banjur nglempakake wong trah Yehuda kabeh lan taler Benyamin, cacahe satus wolung puluh ewu, kabeh wong nonoman kang saguh perang nglawan turune Israel, karsane arep mangsulake karajan iku marang Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman.

22. Nanging banjur ana pangandikaning Allah marang Nabi Semaya, abdining Allah, mangkene:

23. “Sira matura marang Rehabeam, anake Suleman, ratu ing Yehuda, lan marang bangsa iku:

24. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha maju perang lan aja nglawan sadulur-sadulurira, wong Israel. Padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sebab Ingsun kang damel kelakone bab iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.

25. Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam banjur nyantosani kutha Sikhem ing pagunungan Efraim, nuli dedalem ana ing kono. Tumuli tindak saka ing kono lan nyantosani Pnuel.

26. Sang Prabu Yerobeam ngandika ing sajroning panggalih: “Saiki mbokmanawa karajan bakal bali marang tedhake Dawud.

27. Manawa bangsa iku lunga caos kurban sembelehan ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem, bangsa iki atine mesthi bakal mbalik marang gustine, yaiku Rehabeam, raja Yehuda.”

28. Sawuse digalih-galih, Sang Prabu banjur yasa pedhet emas lanang loro sarta banjur ngandika marang wong kabeh: “Wus cukup suwe anggonira padha lunga menyang Yerusalem. He Israel, saiki delengen allah-allahira, kang wus nuntun sira metu saka ing tanah Mesir.”

29. Sapi kang siji nuli kapapanake ana ing Betel, dene sijine ana ing Dhan.

30. Bab iku njalari wong banjur nglakoni dosa, awit rakyat nuli padha menyang Betel prelu nyembah marang reca kang siji, lan menyang ing Dhan nyembah marang reca sijine.

31. Sang Prabu uga yasa omah-omah pamujan ana ing tengger-tengger pangurbanan sarta ngangkat wong-wong kadadekake imam saka ing kalanganing rakyat kang dudu trah Lewi.

32. Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam mranata dina gedhe ing dina kang kaping limalas sasi wolu, kayadene dina gedhe Yehuda, sarta panjenengane piyambak minggah ing undhak-undhakaning misbyah. Kaya mangkono kang katindakake ana ing Betel: panjenengane caos kurban marang pedhet-pedhet kang wus kadamel mau, tuwin banjur paring bubuhan marang para imam tengger pangurbanan kang wus kaedegake.

33. Panjenengane minggah ing undhak-undhakaning misbyah damelane kang ana ing Betel mau ing dina kang kaping limalas ing sasi kawolu, ing sasi kang wus karancang ing sajroning panggalihe piyambak; panjenengane mranata dina gedhe kanggo wong Israel lan minggah ing undhak-undhakaning misbyah mau prelu mbesmi kurban.

maca bab lengkap 1 Para Raja 12