Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 12:14-27 Kitab Sutji (JAV)

14. kang dipangandikakake marang rakyat iku miturut rembuge para nonoman: mangkene pangandikane: “Ramaningsun ndadekake aboting ayahanira kabeh, nanging ingsun bakal muwuhi bubuhanira iku; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”

15. Dadine Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune rakyat, sabab bab iku pancen owah-owahan kang dikarsakake dening Pangeran Yehuwah, supaya Sang Yehuwah saged netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.

16. Bareng wong Israel kabeh sumurup, manawa Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune, rakyat banjur padha ngaturi wangsulan marang Sang Prabu mangkene:“Kita sami tampi panduman punapa saking Sang Prabu Dawud?Kita boten angsal warisan saking putranipun Sang Isai punika!Padha balia menyang ing tarubmu, he wong Israel!Sumangga, Sang Prabu Dawud, sapunika kawula aturi ngurus dalem paduka piyambak!”Wong Israel banjur padha mulih menyang ing tarube,

17. satemah Sang Prabu Rehabeam mung jumeneng dadi ratune para wong Israel kang manggon ing kutha-kutha Yehuda.

18. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam tumuli ngutus Adoram, panggedhening wong nyangga karya nanging iku banjur dibenturi watu dening wong Israel kabeh nganti mati, malah Sang Prabu Rehabeam meh bae ora bisa nitih kretane mlajeng menyang ing Yerusalem.

19. Kaya mangkono wiwitane anggone wong Israel padha mbalela marang tedhake Sang Prabu Dawud nganti tumeka ing dina iki.

20. Bareng wong Israel kabeh padha krungu, manawa Yerobeam wus bali, banjur kongkonan ngundang supaya nekanana parepatane, tumuli kaangkat dadi ratune wong Israel kabeh. Ora ana kang ndherek tedhake Sang Prabu Dawud, kajaba taler Yehuda.

21. Bareng Sang Prabu Rehabeam wus rawuh ing Yerusalem, banjur nglempakake wong trah Yehuda kabeh lan taler Benyamin, cacahe satus wolung puluh ewu, kabeh wong nonoman kang saguh perang nglawan turune Israel, karsane arep mangsulake karajan iku marang Sang Prabu Rehabeam, putrane Sang Prabu Suleman.

22. Nanging banjur ana pangandikaning Allah marang Nabi Semaya, abdining Allah, mangkene:

23. “Sira matura marang Rehabeam, anake Suleman, ratu ing Yehuda, lan marang bangsa iku:

24. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira aja padha maju perang lan aja nglawan sadulur-sadulurira, wong Israel. Padha muliha menyang ing omahira dhewe-dhewe, sebab Ingsun kang damel kelakone bab iki.” Wong kabeh padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah lan banjur padha mulih miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah mau.

25. Sawuse mangkono Sang Prabu Yerobeam banjur nyantosani kutha Sikhem ing pagunungan Efraim, nuli dedalem ana ing kono. Tumuli tindak saka ing kono lan nyantosani Pnuel.

26. Sang Prabu Yerobeam ngandika ing sajroning panggalih: “Saiki mbokmanawa karajan bakal bali marang tedhake Dawud.

27. Manawa bangsa iku lunga caos kurban sembelehan ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem, bangsa iki atine mesthi bakal mbalik marang gustine, yaiku Rehabeam, raja Yehuda.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 12