Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Yibnea bin Yeroham, Ela bin Uzi bin Mikhri lan Mesulam bin Sefaca bin Rehuel bin Yibnia

9. karo sanak sadhereke manut turune, wong sangang atus seket enem. Kabeh iku padha dadi kepala kulawangsa.

10. Saka panungalane para imam yaiku Yedaya, Yoyarib, Yakhin

11. Azarya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadhok bin Merayot bin Ahitub, pangarepe padalemaning Allah,

12. banjur Adaya bin Yeroham bin Pasyhur bin Malkia lan Masai bin Adiel bin Yahzera bin Mesulam bin Mesilemit bin Imer,

13. dalah sanak sadhereke, kabeh kepala kulawarga, sewu pitung atus sewidak, para wong kang trampil nindhakake tatapangibadah ana ing padalemaning Allah.

14. Saka panunggalane para wong Lewi yaiku Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hasabya, saka turune Rama Merari;

15. nuli Bakbakar, Heresy, Galal lan Matanya bin Mikha bin Zikhri bin Asaf,

16. sarta Obaja bin Semaya bin Galal bin Yedutun lan Berekhya bin Asa bin Elkana, kang padha manggon ing desa-desane wong Nefota.

17. Para wong kang padha jaga gapura yaiku Salum, Akub, Talmon lan Ahiman. karo sanak sadulure; Salum kang dadi kepala.

18. Tekan saprene iku padha ana ing gapuraning Sang Nata ing sisih wetan. Iku padha dadi panjaganing gapurane patarubane bani Lewi.

maca bab lengkap 1 Babad 9