Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:30-35 Kitab Sutji (JAV)

30. Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.

31. Matica, salah sawijining wong Lewi, anake pambarep Salum, wong Korakh, kaparingan kawajiban tetep dadi tukang roti.

32. Turune Kehat yaiku saka golongane sanak sadulure, ana saperangan kang kawajiban ngurus roti sesaosan kang dicawisake ing saben dina Sabat.

33. Para penyanyi, iku padha dadi kepalaning kulawangsane wong Lewi, kang padha manggon ana ing kamar-kamar, iku ora kena ing panggawean liyane, amarga rina wengi padha tansah nindakake pagaweane.

34. Iku padha kepalane kulawangsane wong Lewi, padha dadi kepala miturut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

35. Kang manggon ana ing Gibeon iku ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane, yaiku Ibu Maakha.

maca bab lengkap 1 Babad 9