Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:28-44 Kitab Sutji (JAV)

28. Wong-wong mau saperangan kawajiban ngurus pirantining pangibadah: ngetung mlebu-metuning barang-barang mau.

29. Saperangan gaweane ngurus piranti-piranti, yaiku sakehing prabot ing pasucen sarta ngurus glepung kang becik dhewe, anggur, lenga, menyan lan bumbu-bumbu.

30. Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.

31. Matica, salah sawijining wong Lewi, anake pambarep Salum, wong Korakh, kaparingan kawajiban tetep dadi tukang roti.

32. Turune Kehat yaiku saka golongane sanak sadulure, ana saperangan kang kawajiban ngurus roti sesaosan kang dicawisake ing saben dina Sabat.

33. Para penyanyi, iku padha dadi kepalaning kulawangsane wong Lewi, kang padha manggon ana ing kamar-kamar, iku ora kena ing panggawean liyane, amarga rina wengi padha tansah nindakake pagaweane.

34. Iku padha kepalane kulawangsane wong Lewi, padha dadi kepala miturut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

35. Kang manggon ana ing Gibeon iku ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane, yaiku Ibu Maakha.

36. Putrane pambajeng asma Abdon, nuli Zur, Kisy, Baal, Ner, Nadab,

37. Gedor, Ahyo, Zakharya lan Miklot.

38. Rama Miklot nurunake Simeam. Iku padha tindak manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

39. Rama Ner nurunake Kisy; Rama Kisy nurunake Sang Prabu Saul; Sang Prabu Saul peputra Pangeran Yonatan, Malkisua, Abinadab lan Esybaal.

40. Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal, lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.

41. Sang Mikha nurunake Piton, Melekh, Takhrea lan Akhas.

42. Sang Akhas nurunake Yaera, Sang Yaera nurunake Alemet, Azmawet lan Zimri; Sang Zimri nurunake Moza.

43. Sang Moza nurunake Bina lan iki nurunake Refaya; iki nurunake Elasa, lan iki nurunake Azel.

44. Sang Azel peputra nenem, iki asma-asmane: Azrikam, Bokhru, Ismael, Searya, Obaja lan Hanan. Iku para putrane Sang Azel.

maca bab lengkap 1 Babad 9