Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:26-38 Kitab Sutji (JAV)

26. dene kepala jaga gapura kang papat mau kalungguhane tetep. Iku padha wong Lewi, kang rumeksa marang kamar-kamar lan barang-barang padalemaning Allah.

27. Wong iku padha nginep ing sakiwa-tengene padalemaning Allah mau, sabab padha tanggung-jawab ing bab pajagan lan kawajiban ngengakake lawang saben esuk.

28. Wong-wong mau saperangan kawajiban ngurus pirantining pangibadah: ngetung mlebu-metuning barang-barang mau.

29. Saperangan gaweane ngurus piranti-piranti, yaiku sakehing prabot ing pasucen sarta ngurus glepung kang becik dhewe, anggur, lenga, menyan lan bumbu-bumbu.

30. Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.

31. Matica, salah sawijining wong Lewi, anake pambarep Salum, wong Korakh, kaparingan kawajiban tetep dadi tukang roti.

32. Turune Kehat yaiku saka golongane sanak sadulure, ana saperangan kang kawajiban ngurus roti sesaosan kang dicawisake ing saben dina Sabat.

33. Para penyanyi, iku padha dadi kepalaning kulawangsane wong Lewi, kang padha manggon ana ing kamar-kamar, iku ora kena ing panggawean liyane, amarga rina wengi padha tansah nindakake pagaweane.

34. Iku padha kepalane kulawangsane wong Lewi, padha dadi kepala miturut turune; iku padha manggon ana ing Yerusalem.

35. Kang manggon ana ing Gibeon iku ramane Rama Gibeon, yaiku Rama Yeiel, lan garwane, yaiku Ibu Maakha.

36. Putrane pambajeng asma Abdon, nuli Zur, Kisy, Baal, Ner, Nadab,

37. Gedor, Ahyo, Zakharya lan Miklot.

38. Rama Miklot nurunake Simeam. Iku padha tindak manggon cedhak karo para sadhereke ana ing Yerusalem nunggil karo para sadhereke liyane.

maca bab lengkap 1 Babad 9