Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:16-31 Kitab Sutji (JAV)

16. sarta Obaja bin Semaya bin Galal bin Yedutun lan Berekhya bin Asa bin Elkana, kang padha manggon ing desa-desane wong Nefota.

17. Para wong kang padha jaga gapura yaiku Salum, Akub, Talmon lan Ahiman. karo sanak sadulure; Salum kang dadi kepala.

18. Tekan saprene iku padha ana ing gapuraning Sang Nata ing sisih wetan. Iku padha dadi panjaganing gapurane patarubane bani Lewi.

19. Salum bin Kore bin Ebyasaf bin Korakh lan para sadulure tunggal kulawangsa, yaiku para wong Korakh, iku padha kawajiban dadi panjaganing lawange Tarub kaya para leluhure kang padha nduweni kawajiban ana ing patarubaning Pangeran Yehuwah dadi panjaganing lawang lumebu.

20. Ing sadurunge kang ngepalani wong-wong mau Pinehas bin Eliazar. Pangeran Yehuwah muga karsaa nganthi marang dheweke.

21. Zakharia bin Meselemya kang dadi panjaganing lawang Tarub Pasewakan.

22. Kabeh kang kapilih dadi panjaganing lawang ana rong atus rolas. Iku wus padha kapengetan ana ing sarasilah ing desa-desane. Wong-wong mau padha katetepake ing kalenggahan iku dening Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel, wong sidik.

23. Wong-wong mau lan anak-anake padha kawajiban jaga anak ing gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku Dalem Tarub iku.

24. Para kang jaga gapura iku padha kapapanake madhep ing keblat papat, yaiku madhep ngetan, ngulon, ngalor lan ngidul.

25. Dene para sadulure kang padha manggon ing desa-desane, ing wektu-wektu kang wus katamtokake kawajiban lumebu nyambut gawe, suwene pitung dina bebarengan karo dheweke kabeh,

26. dene kepala jaga gapura kang papat mau kalungguhane tetep. Iku padha wong Lewi, kang rumeksa marang kamar-kamar lan barang-barang padalemaning Allah.

27. Wong iku padha nginep ing sakiwa-tengene padalemaning Allah mau, sabab padha tanggung-jawab ing bab pajagan lan kawajiban ngengakake lawang saben esuk.

28. Wong-wong mau saperangan kawajiban ngurus pirantining pangibadah: ngetung mlebu-metuning barang-barang mau.

29. Saperangan gaweane ngurus piranti-piranti, yaiku sakehing prabot ing pasucen sarta ngurus glepung kang becik dhewe, anggur, lenga, menyan lan bumbu-bumbu.

30. Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.

31. Matica, salah sawijining wong Lewi, anake pambarep Salum, wong Korakh, kaparingan kawajiban tetep dadi tukang roti.

maca bab lengkap 1 Babad 9