Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. banjur Adaya bin Yeroham bin Pasyhur bin Malkia lan Masai bin Adiel bin Yahzera bin Mesulam bin Mesilemit bin Imer,

13. dalah sanak sadhereke, kabeh kepala kulawarga, sewu pitung atus sewidak, para wong kang trampil nindhakake tatapangibadah ana ing padalemaning Allah.

14. Saka panunggalane para wong Lewi yaiku Semaya bin Hasub bin Azrikam bin Hasabya, saka turune Rama Merari;

15. nuli Bakbakar, Heresy, Galal lan Matanya bin Mikha bin Zikhri bin Asaf,

16. sarta Obaja bin Semaya bin Galal bin Yedutun lan Berekhya bin Asa bin Elkana, kang padha manggon ing desa-desane wong Nefota.

17. Para wong kang padha jaga gapura yaiku Salum, Akub, Talmon lan Ahiman. karo sanak sadulure; Salum kang dadi kepala.

maca bab lengkap 1 Babad 9