Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong Israel wus padha kapengetan kabeh ana ing sarasilah; padha katulisan ing bukuning para ratu ing Israel, dene wong Yehuda wus padha diboyong marang ing pambuwangan ing Babel marga saka anggone ora setya.

2. Anadene para wong kang kawitan padha manggon maneh ana ing tanah-tanah pusakane, ana ing kutha-kuthane, yaiku para wong Israel lumrah, para imam, para wong Lewi lan para abdi ing padalemaning Allah.

3. Kang manggon ing Yerusalem para wong panunggalane bani Yehuda, bani Benyamin, bani Efraim lan Manasye:

4. Rama Utai bin Amihud bin Omri bin Imri bin Bani, saka turune Rama Peres bin Yehuda.

5. Lan saka panunggalane wong Syela yaiku Rama Asaya, kang pambajeng, saputra-putrane.

6. Saka turune Rama Serah yaiku Yeuel karo sanak sadhereke, nem atus sangang puluh.

7. Saka bani Benyamin yaiku Salu bin Mesulam, bin Hodawya bin Hasenua,

8. Yibnea bin Yeroham, Ela bin Uzi bin Mikhri lan Mesulam bin Sefaca bin Rehuel bin Yibnia

9. karo sanak sadhereke manut turune, wong sangang atus seket enem. Kabeh iku padha dadi kepala kulawangsa.

10. Saka panungalane para imam yaiku Yedaya, Yoyarib, Yakhin

11. Azarya bin Hilkia bin Mesulam bin Zadhok bin Merayot bin Ahitub, pangarepe padalemaning Allah,

maca bab lengkap 1 Babad 9