Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 7:8-27 Kitab Sutji (JAV)

8. Para putrane Rama Bekher yaiku Zemira, Yoas, Eliezer, Elyoenai, Omri, Yeremot, Abia, Anatot lan Alemet, iku kabeh para putrane Rama Bekher.

9. Kang padha kacathet ing sarasilah, manut turune, kepala-kepala kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa, ana rong puluh ewu rong atus.

10. Para turune Rama Yediael yaiku Bilhan lan turune Rama Bilhan yaiku Yeusy, Benyamin, Ehud, Kenaana, Zetan, Tarsis lan Ahisahar.

11. Iku kabeh turune Rama Yediael, padha dadi kepalane kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa; wong kang sembada ing perang ana pitulas ewu rong atus.

12. Anadene Rama Supim lan Rama Hupim iku turune Rama Ir; Rama Husim iku turune Rama Aher.

13. Para putrane Rama Naftali yaiku Yahziel, Guni, Yezer lan Salum; iku padha turune ibu Bilha.

14. Turune Rama Manasye yaiku Asriel, kang miyos saka ampile wanita saka ing Aram; iki peputra makhir, ramane Gilead.

15. Rama Makhir mundhut garwa kanggo Hupim lan Supim; asmane sadhereke estri iku Maakha.Putrane kang angka loro yaiku Zelafead. Rama Zelafead iku mung peputra putri.

16. Nanging Ibu Maakha, garwane Rama Makhir peputra kakung, kang diparingi asma Peresy; sadhereke kakung yaiku Seres, kang nurunake Ulam lan Rekem.

17. Turune Rama Ulam yaiku Bedan. Iku turune Rama Gilead bin Makhir, putrane Rama Manasye.

18. Sadhereke putri, Ibu Molekhet, peputra Isyhod, Abiezer lan Makhla.

19. Para putrane Rama Semida yaiku Akhyan, Sekhem, Likhi lan Aniam.

20. Turune Rama Efraim yaiku Sutelah, iki nurunake Bered, iki nurunake Tahat, iki nurunake Elada, iki nurunake Tahat,

21. iki nurunake Zabad, iki nurunake Sutelah, banjur Ezer lan Elad. Iku padha disedani dening wong-wong ing Gad, kang lair ana ing nagara kono, sabab padha ngrampas raja-kayane wong-wong mau.

22. Rama Efraim, ramane, sungkawa nganti pirang-pirang dina, temah para sadhereke padha tilik nglipur.

23. Sawuse mangkono panjenengane banjur nyareni kang garwa, wasana kang garwa mbobot lan peputra kakung, diparingi asma Beria, sabab kulawargane wus ditempuh ing bilai.

24. Putrane putri asma Seera; iku kang ngadegake Bet-Horon-Ngare lan Bet-Horon-Tengger sarta Uzen-Seera.

25. Putrane kakung Rama Beria yaiku Refah, banjur Resef; iki nurunake Telah, iki nurunake Tahan,

26. iki nurunake Ladan, iki nurunake Amihud, iki nurunake Elisama,

27. iki nurunake Nun, iki nurunake Yusak.

maca bab lengkap 1 Babad 7