Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 7:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Para putrane Rama Bela yaiku Ezbon, Uzi, Uziel, Yerimot lan Iri, gunggung lima, padha dadi kepala kulawangsa, padha wong prawira kang gagah prakosa; kang padha kacathet ing sarasilah ana rolikur ewu telung puluh papat.

8. Para putrane Rama Bekher yaiku Zemira, Yoas, Eliezer, Elyoenai, Omri, Yeremot, Abia, Anatot lan Alemet, iku kabeh para putrane Rama Bekher.

9. Kang padha kacathet ing sarasilah, manut turune, kepala-kepala kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa, ana rong puluh ewu rong atus.

10. Para turune Rama Yediael yaiku Bilhan lan turune Rama Bilhan yaiku Yeusy, Benyamin, Ehud, Kenaana, Zetan, Tarsis lan Ahisahar.

11. Iku kabeh turune Rama Yediael, padha dadi kepalane kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa; wong kang sembada ing perang ana pitulas ewu rong atus.

12. Anadene Rama Supim lan Rama Hupim iku turune Rama Ir; Rama Husim iku turune Rama Aher.

13. Para putrane Rama Naftali yaiku Yahziel, Guni, Yezer lan Salum; iku padha turune ibu Bilha.

14. Turune Rama Manasye yaiku Asriel, kang miyos saka ampile wanita saka ing Aram; iki peputra makhir, ramane Gilead.

15. Rama Makhir mundhut garwa kanggo Hupim lan Supim; asmane sadhereke estri iku Maakha.Putrane kang angka loro yaiku Zelafead. Rama Zelafead iku mung peputra putri.

16. Nanging Ibu Maakha, garwane Rama Makhir peputra kakung, kang diparingi asma Peresy; sadhereke kakung yaiku Seres, kang nurunake Ulam lan Rekem.

17. Turune Rama Ulam yaiku Bedan. Iku turune Rama Gilead bin Makhir, putrane Rama Manasye.

18. Sadhereke putri, Ibu Molekhet, peputra Isyhod, Abiezer lan Makhla.

maca bab lengkap 1 Babad 7