Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 7:2-20 Kitab Sutji (JAV)

2. Rama Tola peputra Uzi, Refaya, Yeriel, Yakhmai, Yibsam lan Samuel, iki padha dadi kepalaning turune Rama Tola, padha wong prawira kang gagah prakosa; manut daftar jamane Sang Prabu Dawud gunggunge turune ana rolikur ewu nem atus.

3. Turune Uzi yaiku Yizrahya, dene putrane Rama Yizrahya yaiku Mikhael, Obaja, Yoel lan Yisia, gunggung lima, kabeh padha dadi kepala.

4. Sangisore manut daftar turune lan manut kulawangsane, ana golongan-golongan prajurit kang cacahe telung puluh enem ewu, awit bojone lan anak-anake akeh.

5. Para sadulure tunggal taler panunggalane gotrahe Rama Isakhar, iku padha wong prawira kang gagah prakosa, kabeh ana wolung puluh pitu ewu, kang padha kacathetan ana ing sarasilah.

6. Para putrane Rama Benyamin yaiku Bela, Bekher lan Yediael, gunggung telu.

7. Para putrane Rama Bela yaiku Ezbon, Uzi, Uziel, Yerimot lan Iri, gunggung lima, padha dadi kepala kulawangsa, padha wong prawira kang gagah prakosa; kang padha kacathet ing sarasilah ana rolikur ewu telung puluh papat.

8. Para putrane Rama Bekher yaiku Zemira, Yoas, Eliezer, Elyoenai, Omri, Yeremot, Abia, Anatot lan Alemet, iku kabeh para putrane Rama Bekher.

9. Kang padha kacathet ing sarasilah, manut turune, kepala-kepala kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa, ana rong puluh ewu rong atus.

10. Para turune Rama Yediael yaiku Bilhan lan turune Rama Bilhan yaiku Yeusy, Benyamin, Ehud, Kenaana, Zetan, Tarsis lan Ahisahar.

11. Iku kabeh turune Rama Yediael, padha dadi kepalane kulawangsane, padha wong prawira kang gagah prakosa; wong kang sembada ing perang ana pitulas ewu rong atus.

12. Anadene Rama Supim lan Rama Hupim iku turune Rama Ir; Rama Husim iku turune Rama Aher.

13. Para putrane Rama Naftali yaiku Yahziel, Guni, Yezer lan Salum; iku padha turune ibu Bilha.

14. Turune Rama Manasye yaiku Asriel, kang miyos saka ampile wanita saka ing Aram; iki peputra makhir, ramane Gilead.

15. Rama Makhir mundhut garwa kanggo Hupim lan Supim; asmane sadhereke estri iku Maakha.Putrane kang angka loro yaiku Zelafead. Rama Zelafead iku mung peputra putri.

16. Nanging Ibu Maakha, garwane Rama Makhir peputra kakung, kang diparingi asma Peresy; sadhereke kakung yaiku Seres, kang nurunake Ulam lan Rekem.

17. Turune Rama Ulam yaiku Bedan. Iku turune Rama Gilead bin Makhir, putrane Rama Manasye.

18. Sadhereke putri, Ibu Molekhet, peputra Isyhod, Abiezer lan Makhla.

19. Para putrane Rama Semida yaiku Akhyan, Sekhem, Likhi lan Aniam.

20. Turune Rama Efraim yaiku Sutelah, iki nurunake Bered, iki nurunake Tahat, iki nurunake Elada, iki nurunake Tahat,

maca bab lengkap 1 Babad 7