62. Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan.
63. Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon.
64. Dadine wong Israel menehi marang wong lewi kutha-kutha mau dalah pangonan-pangonane.
65. Wong-wong iku uga menehi kalawan kaundhi kutha-kutha kang kapratelakake jeneng-jenenge mau, saka suku bani Yehuda, saka suku bani Simeon lan saka suku bani Benyamin.
66. Gotrah-gotrah liyane saka turune Rama Kehat, tampa kutha-kutha saka suku Efraim, minangka dhaerahe,
67. yaiku diwenehi kutha pangungsen Sikhem dalah pangonan-pangonane ing pagunungan Efraim, banjur Gezer lan pangonan-pangonane,
68. Yokmeam dalah pangonan-pangonane,
69. Ayalon dalah pangonan-pangonane lan Gat-Rimon dalah pangonan-pangonane.
70. Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat.
71. Para turune Gerson tampa saka saparone suku Manasye: Golan kang ana ing Basan dalah pangonan-pangonane banjur Asytarot dalah pangonan-pangonane;
72. saka suku Isakhar: Kedesy dalah pangonan-pangonane: Daberat dalah pangonan-pangonane,
73. Ramot dalah pangonan-pangonane lan Anem dalah pangonan-pangonane;