Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:48-65 Kitab Sutji (JAV)

48. Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.

49. Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.

50. Iki para putrane Rama Harun: Eleazar, putrane; iki peputra Pinehas; iki peputra Abisua;

51. iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;

52. iki peputra Merayot; iki peputra Amarya; iki peputra Ahitub;

53. iki peputra Zadhok; iki peputra Ahimaas.

54. Iki papan padunungane manut papan-papaning pakemahane ana ing wilayahe: Tedhake Rama Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, iku ketiban undhi kang kawitan

55. iku padha diwenehi Hebron ing tanah Yehuda dalasan pangonan-pangonan ing saubenge,

56. nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.

57. Tedhake Rama Harun padha diwenehi kutha pangungsen Hebron, lan Libna dalah pangonan-pangonane, sarta Yatir, banjur Estemoa dalah pangonan-pangonane;

58. Hilen dalah pangonan-pangonane, Debir dalah pangonan-pangonane,

59. Asan dalah pangonan-pangonane lan Bet-Semes dalah pangonan-pangonane;

60. lan saka suku Benyamin: Geba dalah pangonan-pangonane, Alemet dalah pangonan-pangonane tuwin Anatot dalah pangonan-pangonane. Kutha-kuthane kabeh ana telulas kang kabage-bage ana ing antarane para gotrahe.

61. Anadene saluwihe turune Rama Kehat mau, sawuse kaundhi, tampa kutha sapuluh saka gotrahe suku iku, yaiku saka suku Manasye, kang saparo iku.

62. Turune Rama Gerson manut gotrah-gotrahe diwenehi kutha telulas saka suku Isakhar, suku Asyer, suku Naftali lan saka suku manasye kang ana ing Basan.

63. Turune Rama Merari manut gotrah-gotrahe sawuse kaundhi diwenehi kutha rolas saka suku Ruben, saka suku Gad lan saka suku Zebulon.

64. Dadine wong Israel menehi marang wong lewi kutha-kutha mau dalah pangonan-pangonane.

65. Wong-wong iku uga menehi kalawan kaundhi kutha-kutha kang kapratelakake jeneng-jenenge mau, saka suku bani Yehuda, saka suku bani Simeon lan saka suku bani Benyamin.

maca bab lengkap 1 Babad 6