Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:42-49 Kitab Sutji (JAV)

42. bin Etan bin Zima bin Simei

43. bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi.

44. Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh

45. bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia

46. bin Amzi bin Bani bin Semer

47. bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.

48. Para sadulure tunggal suku, wong-wong Lewi liyane, padha dipasrahi sakehe pagawean ing Tarub Suci, padalemaning Allah.

49. Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.

maca bab lengkap 1 Babad 6