Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:31-47 Kitab Sutji (JAV)

31. Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.

32. Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.

33. Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman. iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel

34. bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah

35. bin Zuf bin Elkana bin Mahat bin Amasai

36. bin Elkana bin Yoel bin Azarya bin Zefanya

37. bin Tahat bin Asir bin Ebyasaf bin Korakh

38. bin Yizhar bin Kehat bin Lewi, putrane Rama Israel.

39. Kang nisihe ana ing tengene Asaf, sadulure tunggal suku, yaiku Asaf bin Berekhya bin Simea

40. bin Mikhael bin Baaseya bin Malkia

41. bin Etani bin Zerah bin Adaya

42. bin Etan bin Zima bin Simei

43. bin Yahat bin Gerson, putrane Rama Lewi.

44. Kang ana ing sisih kiwa panunggalane bani Merari, para sadulur tunggal suku, yaiku Etan bin Kisi bin Abdi bin Malukh

45. bin Hasabya bin Amazia bin Hilkia

46. bin Amzi bin Bani bin Semer

47. bin Mahli bin Musi bin Merari, putrane Rama Lewi.

maca bab lengkap 1 Babad 6