Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:30-37 Kitab Sutji (JAV)

30. iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya.

31. Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.

32. Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.

33. Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman. iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel

34. bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah

35. bin Zuf bin Elkana bin Mahat bin Amasai

36. bin Elkana bin Yoel bin Azarya bin Zefanya

37. bin Tahat bin Asir bin Ebyasaf bin Korakh

maca bab lengkap 1 Babad 6