Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:20-33 Kitab Sutji (JAV)

20. kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima;

21. iki peputra Yoah; iki peputra Ido; iki peputra Zerah; iki peputra Yeatrai.

22. Para putrane Rama Kehat yaiku: Aminadab; iki peputra Korakh; iki peputra Asir;

23. iki peputra Elkana; iki peputra Ebyasaf; iki peputra Asir;

24. iki peputra Tahat; iki peputra Uriel; iki peputra Uzia; iki peputra Saul.

25. Rama Elkana peputra Amasai lan Ahimot,

26. iki peputra Elkana; iki peputra Zofai; iki peputra Nahat;

27. iki peputra Eliab; iki peputra Yeroham; iki peputra Elkana.

28. Para putrane Rama Samuel yaiku Yoel, iki pambajenge, dene kang angka loro yaiku Abia.

29. Para turune Rama Merari yaiku Mahli: iki peputra Libni; iki peputra Simei; iki peputra Uza;

30. iki peputra Simea; iki peputra Hagia; iki peputra Asaya.

31. Iki para wong kang diparingi bubuhan dening Sang Prabu Dawud nuntun nyanyian ana ing padalemaning Sang Yehuwah sawuse pethi oleh papan pakendelan.

32. Anggone leladi dadi penyanyi ana ing ngarepe Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nganti Sang Prabu Suleman yasa padalemaning Sang Yehuwah ana ing Yerusalem. Anggone nglakoni kawajibane iku manut pranatane.

33. Iki wong-wong kang padha kaparingan bubuhan mau dalasan para anak-anake: saka bani Kehat yaiku Heman. iku penyanyi, anake Yoel bin Samuel

maca bab lengkap 1 Babad 6