Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 6:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Rama Salum peputra Hilkia; Rama Hilkia peputra Azarya;

14. Rama Azarya peputra Seraya; Rama Seraya peputra Yozadak;

15. Rama Yozadak iki katut diboyong nalika Pangeran Yehuwah marengake wong Yehuda lan Yerusalem padha diangkat marang ing pambuwangan dening Sang Prabu Nebukadnezar.

16. Para putrane Rama Lewi yaiku Gerson, Kehat, lan Merari.

17. Iki asmane para putrane Rama Gerson: Libni lan Simei.

18. Para putrane Rama Kehat yaiku Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel.

19. Para putrane Rama Merari yaiku Mahli lan Musi.Iki gotrah-gotrahe suku Lewi ing sajroning kulawangsa-kulawangsane:

20. kang saka Rama Gerson yaiku Libni, kang putra; dene iki peputra Yahat; iki peputra Zima;

21. iki peputra Yoah; iki peputra Ido; iki peputra Zerah; iki peputra Yeatrai.

22. Para putrane Rama Kehat yaiku: Aminadab; iki peputra Korakh; iki peputra Asir;

23. iki peputra Elkana; iki peputra Ebyasaf; iki peputra Asir;

maca bab lengkap 1 Babad 6