Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:9-15 Kitab Sutji (JAV)

9. Rama Yabes iku kang mulya dhewe ana ing antarane para sadhereke; mulane kang ibu maringi asma Yabes, awit pangandikane: “Anggonku nglairake dheweke iku kalawan ngrasakake lara.”

10. Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.

11. Rama Kelub, sadhereke Rama Suha, peputra Mokhir, ramane Eston;

12. lan Rama Eston peputra Bet-Rafa, Paseakh lan Tehina, ramane Ir-Nahas. Iku padha wong Rekha.

13. Para putrane Rama Kenas yaiku Otniel lan Seraya; lan para putrane Rama Otniel yaiku Hatat lan Meonotai;

14. dene Rama Meonotai peputra Ofra. Rama Seraya peputra Yoab, bapakne para kang manggon ing Lebak Tukang, amarga kabeh padha dadi tukang.

15. Para putrane Rama Kaleb bin Yefune yaiku Iru. Ela lan Naam; lan turune Rama Ela yaiku Kenas.

maca bab lengkap 1 Babad 4