Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:30-42 Kitab Sutji (JAV)

30. Betuel, Horma, Ziklag,

31. Bet-Markabot, Hazar-Susim, Bet-Biri lan ing Saaraim. Iku kutha-kuthane nganti tekan Sang Prabu Dawud jumeneng ratu.

32. Dene desa-desane yaiku; Etam, Ain, Rimon, Tokhem lan Asan, gunggung ana padesan lima;

33. uga sakehing dhukuhe ing sakubenge padesan-padesan iku nganti tekan ing Baal. Yaiku papan-papan kang dadi padunungane sarta iku padha duwe sarasilah dhewe-dhewe.

34. Sabanjure Sang Mesobab, Yamlekh, Yosa bin Amasia,

35. Yoel, Yehu bin Yosibya Seraya bin Asiel,

36. Elyoenai, Yaakoba, Yesohaya, Asaya, Adiel, Yesimiel, Benaya,

37. Ziza bin Sifei bin Alon bin Yedaya bin Simri bin Semaya --

38. panunggalane wong-wong iki kang kasebutake asma-asmane padha dadi panggedhene gotrah-gotrahe. Para kulawargane padha dadi saya ngambra-ambra.

39. Mulane banjur padha ngalih nyedhaki Gedor, nganti tekan ing sawetane lebak, golek pangonan kanggo wedhus-wedhuse.

40. Padha bisa oleh pangonan kang lemu lan prayoga; nagara iku jembar lan tentrem sarta santosa; wong kang padha manggon ing kono kang luwih dhisik iku padha turune Rama Kham.

41. Para wong kang jenenge katulis iki anggone mrono nalika jamane Sang Prabu Hizkia ratu ing Yehuda, sarta padha nyirnakake tarub-tarube wong Kham lan wong Meunim kang tinemu ana ing kono lan banjur padha ditumpes; kaya mangkono nganti tumeka ing dina iki. Sawuse mangkono tumuli padha ngejegi papan panggonane wong-wong mau, jalaran ing kono ana pangonan kanggo wedhus-wedhuse.

42. Saperangan, panunggalane bani Simeon, kehe wong limang atus padha ngalih menyang ing pangunungan Seir. Kang dadi panggedhene yaiku Sang Pelaca, Nearya, Refaya lan Sang Uziel, para putrane Sang Yisei.

maca bab lengkap 1 Babad 4