Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:27-40 Kitab Sutji (JAV)

27. Rama Simei iku putrane kakung ana nembelas, lan kang putri enem; nanging para sadhereke padha ora kagungan putra akeh; gotrah iki kabeh wuwuhe ora akeh kaya bani Yehuda.

28. Iku padha manggon ana ing Bersyeba, Molada, Hazar-Sual,

29. Bilha, Ezem, Tolad,

30. Betuel, Horma, Ziklag,

31. Bet-Markabot, Hazar-Susim, Bet-Biri lan ing Saaraim. Iku kutha-kuthane nganti tekan Sang Prabu Dawud jumeneng ratu.

32. Dene desa-desane yaiku; Etam, Ain, Rimon, Tokhem lan Asan, gunggung ana padesan lima;

33. uga sakehing dhukuhe ing sakubenge padesan-padesan iku nganti tekan ing Baal. Yaiku papan-papan kang dadi padunungane sarta iku padha duwe sarasilah dhewe-dhewe.

34. Sabanjure Sang Mesobab, Yamlekh, Yosa bin Amasia,

35. Yoel, Yehu bin Yosibya Seraya bin Asiel,

36. Elyoenai, Yaakoba, Yesohaya, Asaya, Adiel, Yesimiel, Benaya,

37. Ziza bin Sifei bin Alon bin Yedaya bin Simri bin Semaya --

38. panunggalane wong-wong iki kang kasebutake asma-asmane padha dadi panggedhene gotrah-gotrahe. Para kulawargane padha dadi saya ngambra-ambra.

39. Mulane banjur padha ngalih nyedhaki Gedor, nganti tekan ing sawetane lebak, golek pangonan kanggo wedhus-wedhuse.

40. Padha bisa oleh pangonan kang lemu lan prayoga; nagara iku jembar lan tentrem sarta santosa; wong kang padha manggon ing kono kang luwih dhisik iku padha turune Rama Kham.

maca bab lengkap 1 Babad 4