Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:23-33 Kitab Sutji (JAV)

23. Iku kabeh padha dadi kundhi kang manggon ing Netaim lan Gedera; wong-wong mau padha manggon ana ing kono lan padha nindakake pagawean kagem ratu.

24. Para putrane Rama Simeon yaiku Nemuel, Yamin, Yarib, Zerah lan Saul;

25. iki peputra Salum; iki peputra Mibsam; iki peputra Misma.

26. Turune Rama Misma yaiku Hamuel, iki putrane; iki peputra Zakur; iki peputra Simei.

27. Rama Simei iku putrane kakung ana nembelas, lan kang putri enem; nanging para sadhereke padha ora kagungan putra akeh; gotrah iki kabeh wuwuhe ora akeh kaya bani Yehuda.

28. Iku padha manggon ana ing Bersyeba, Molada, Hazar-Sual,

29. Bilha, Ezem, Tolad,

30. Betuel, Horma, Ziklag,

31. Bet-Markabot, Hazar-Susim, Bet-Biri lan ing Saaraim. Iku kutha-kuthane nganti tekan Sang Prabu Dawud jumeneng ratu.

32. Dene desa-desane yaiku; Etam, Ain, Rimon, Tokhem lan Asan, gunggung ana padesan lima;

33. uga sakehing dhukuhe ing sakubenge padesan-padesan iku nganti tekan ing Baal. Yaiku papan-papan kang dadi padunungane sarta iku padha duwe sarasilah dhewe-dhewe.

maca bab lengkap 1 Babad 4