Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:2-19 Kitab Sutji (JAV)

2. Rama Syobal peputra Reaya, kang peputra Yahat, lan Rama Yahat peputra Ahumai lan Lahad. Iku gotrah-gotrahe wong Zora.

3. Iki para putrane Rama Etam: Yizreel, Isma lan Idbas; sadhereke estri asmane Hazelelponi;

4. nuli Pnuel, ramane Gedor, lan Ezer, ramane Husa. Iku kabeh para turune Hur, pambarepe Efrata, ramane Betlehem.

5. Rama Asyur, ramane Tekoa, garwane loro, yaiku Hela lan Naara.

6. Ibu Naara peputra Ahuzam, Hefer, Temeni lan wong Ahastari. Iku para putrane Ibu Naara.

7. Para putrane Ibu Hela yaiku Zeret, Yezohar lan Etnan.

8. Rama Kos peputra Anub, Hazobeba, lan gotrah-gotrahe Aharhel bin Harum.

9. Rama Yabes iku kang mulya dhewe ana ing antarane para sadhereke; mulane kang ibu maringi asma Yabes, awit pangandikane: “Anggonku nglairake dheweke iku kalawan ngrasakake lara.”

10. Rama Yabes iku nyebat marang Gusti Allahe Israel, unjuke: “Paduka mugi karsaa paring berkah dhumateng kawula ingkang ngantos luber saha mugi karsaa njembaraken dhaerah kawula, punapa dene mugi asta Paduka nganti kawula saha karsaa nebihaken kawula saking kasangsaran, satemah kawula lajeng boten katempuh ing sesakit!” Anadene Gusti Allah karsa ngabulake panyuwune iku.

11. Rama Kelub, sadhereke Rama Suha, peputra Mokhir, ramane Eston;

12. lan Rama Eston peputra Bet-Rafa, Paseakh lan Tehina, ramane Ir-Nahas. Iku padha wong Rekha.

13. Para putrane Rama Kenas yaiku Otniel lan Seraya; lan para putrane Rama Otniel yaiku Hatat lan Meonotai;

14. dene Rama Meonotai peputra Ofra. Rama Seraya peputra Yoab, bapakne para kang manggon ing Lebak Tukang, amarga kabeh padha dadi tukang.

15. Para putrane Rama Kaleb bin Yefune yaiku Iru. Ela lan Naam; lan turune Rama Ela yaiku Kenas.

16. Para putrane Rama Yehaleleel yaiku Zif, Zifa, Tireya lan Asareel.

17. Para putrane Rama Ezra yaiku Yeter, Mered, Efer, lan Yalon. Iku para putra kang miyos saka Sang Putri Bica, putra putrine Sang Prabu Pringon kang kaparingake marang Rama Mered dadi garwane. Sang Putri iku peputra Miryam, Samai, lan Yisbah, ramane Estemoa.

18. Anadene garwane Rama Mered kang saka ing tanah Yehuda, iku peputra Yered, ramane Gedor lan Heber, ramane Sokho, lan Yekutiel, ramane Zanoah.

19. Para putrane garwane Rama Hodia, sadhereke estri Naham, yaiku Abu Kehila, wong Garmi, lan Estemoa, wong Maakha.

maca bab lengkap 1 Babad 4