Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 4:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Rama Kelub, sadhereke Rama Suha, peputra Mokhir, ramane Eston;

12. lan Rama Eston peputra Bet-Rafa, Paseakh lan Tehina, ramane Ir-Nahas. Iku padha wong Rekha.

13. Para putrane Rama Kenas yaiku Otniel lan Seraya; lan para putrane Rama Otniel yaiku Hatat lan Meonotai;

14. dene Rama Meonotai peputra Ofra. Rama Seraya peputra Yoab, bapakne para kang manggon ing Lebak Tukang, amarga kabeh padha dadi tukang.

15. Para putrane Rama Kaleb bin Yefune yaiku Iru. Ela lan Naam; lan turune Rama Ela yaiku Kenas.

16. Para putrane Rama Yehaleleel yaiku Zif, Zifa, Tireya lan Asareel.

17. Para putrane Rama Ezra yaiku Yeter, Mered, Efer, lan Yalon. Iku para putra kang miyos saka Sang Putri Bica, putra putrine Sang Prabu Pringon kang kaparingake marang Rama Mered dadi garwane. Sang Putri iku peputra Miryam, Samai, lan Yisbah, ramane Estemoa.

18. Anadene garwane Rama Mered kang saka ing tanah Yehuda, iku peputra Yered, ramane Gedor lan Heber, ramane Sokho, lan Yekutiel, ramane Zanoah.

19. Para putrane garwane Rama Hodia, sadhereke estri Naham, yaiku Abu Kehila, wong Garmi, lan Estemoa, wong Maakha.

20. Para putrane Rama Simon, yaiku: Amnon, Rina, Benhanan lan Tilon. Para putrane Rama Yisei yaiku Zohet lan Ben-Zohet.

21. Para turune Rama Sela, putrane Rama Yehuda, yaiku Er, ramane Lekha, lan Lada ramane Maresa, sarta para gotrah kang pagaweane nenun bakal lena alus ana ing Bet-Asybea,

maca bab lengkap 1 Babad 4