Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 3:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Putra enem iki miyose ana ing kutha Hebron, panggonan nalika panjenengane ngasta paprentahan lawase pitung taun nem sasi; dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh telu taun.

5. Iki para putrane kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Simea, Pangeran Sobab, Pangeran Natan lan Pangeran Suleman, putra papat iku miyos saka Sang Putri Batsyua binti Amiel,

6. nuli Pangeran Yibkhar, Pangeran Elisama, Pangeran Elifelet,

7. Pangeran Nogah, Pangeran Nefeg, Pangeran Yafia,

8. Pangeran Elisama, Pangeran Elyada lan Pangeran Elifelet, gunggunge sanga.

9. Iku kabeh padha turune Sang Prabu Dawud, iku durung kapetung para putra kang saka garwa ampil. Sang putri Tamar iku sadhereke estri.

10. Sang Prabu Suleman peputra Sang Prabu Rehabeam, iki peputra Sang Prabu Abia; iki peputra Sang Prabu Asa; iki peputra Sang Prabu Yosafat;

11. iki peputra Sang Prabu Yoram;iki peputra Sang Prabu Ahazia; iki peputra Sang Prabu Yoas;

12. iki peputra Sang Prabu Amasia; iki peputra Sang Prabu Azarya; iki peputra Sang Prabu Yotam;

13. iki peputra Sang Prabu Akhas; iki peputra Sang Prabu Hizkia; iki peputra Sang Prabu Manasye;

14. iki peputra Sang Prabu Amon; iki peputra Sang Prabu Yosia.

15. Para putrane Sang Prabu Yosia iku kang pambajeng asma Sang Prabu Yohanan, putra kang angka loro yaiku Sang Prabu Yoyakim, putra kang angka telu Sang Prabu Zedhekia, lan putra kang angka papat Pangeran Salum.

maca bab lengkap 1 Babad 3