Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 3:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. iki peputra Sang Prabu Amasia; iki peputra Sang Prabu Azarya; iki peputra Sang Prabu Yotam;

13. iki peputra Sang Prabu Akhas; iki peputra Sang Prabu Hizkia; iki peputra Sang Prabu Manasye;

14. iki peputra Sang Prabu Amon; iki peputra Sang Prabu Yosia.

15. Para putrane Sang Prabu Yosia iku kang pambajeng asma Sang Prabu Yohanan, putra kang angka loro yaiku Sang Prabu Yoyakim, putra kang angka telu Sang Prabu Zedhekia, lan putra kang angka papat Pangeran Salum.

16. Putrane Sang Prabu Yoyakim yaiku Sang Prabu Yekhonya, lan iki peputra Pangeran Zedhekia.

17. Para putrane Sang Prabu Yekhonya, kang kinunjara iku, yaiku Pangeran Sealtiel,

18. banjur Pangeran Malkhiram, Pangeran Pedhaya, Pangeran Syenasar, Pangeran Yekamnya, Pangeran Hosama lan Pangeran Nedabya.

19. Para putrane Pangeran Pedhaya asma Zerubabel tuwin Simei, lan putrane Sang Zerubabel yaiku Mesulam lan Hananya; dene Selomit iku sadhereke estri.

20. Banjur Hasuba, Ohel, Berekhya, Hasaja lan Yusab-Hesed, gunggung lima.

21. Para putrane Sang Hanaya yaiku Pelaca lan Yesaya; iki peputra Refaya; iki peputra Arnan; iki peputra Obaja; lan iki peputra Sekhanya.

22. Para putrane Sang Sekhanya yaiku Semaya, lan para putrane Sang Semaya yaiku Hatus, Yigeal, Bariah, Nearya lan Safat, gunggung enem.

23. Para putrane Sang Nearya yaiku Elyoenai, Hizkia lan Azrikam, gunggung telu.

24. Para putrane Sang Elyoenai yaiku Hodawya, Elyasib, Pelaya, Akub, Yohanan, Delaya lan Anani, gunggung pitu.

maca bab lengkap 1 Babad 3