Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 3:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Prabu Suleman peputra Sang Prabu Rehabeam, iki peputra Sang Prabu Abia; iki peputra Sang Prabu Asa; iki peputra Sang Prabu Yosafat;

11. iki peputra Sang Prabu Yoram;iki peputra Sang Prabu Ahazia; iki peputra Sang Prabu Yoas;

12. iki peputra Sang Prabu Amasia; iki peputra Sang Prabu Azarya; iki peputra Sang Prabu Yotam;

13. iki peputra Sang Prabu Akhas; iki peputra Sang Prabu Hizkia; iki peputra Sang Prabu Manasye;

14. iki peputra Sang Prabu Amon; iki peputra Sang Prabu Yosia.

15. Para putrane Sang Prabu Yosia iku kang pambajeng asma Sang Prabu Yohanan, putra kang angka loro yaiku Sang Prabu Yoyakim, putra kang angka telu Sang Prabu Zedhekia, lan putra kang angka papat Pangeran Salum.

16. Putrane Sang Prabu Yoyakim yaiku Sang Prabu Yekhonya, lan iki peputra Pangeran Zedhekia.

17. Para putrane Sang Prabu Yekhonya, kang kinunjara iku, yaiku Pangeran Sealtiel,

18. banjur Pangeran Malkhiram, Pangeran Pedhaya, Pangeran Syenasar, Pangeran Yekamnya, Pangeran Hosama lan Pangeran Nedabya.

19. Para putrane Pangeran Pedhaya asma Zerubabel tuwin Simei, lan putrane Sang Zerubabel yaiku Mesulam lan Hananya; dene Selomit iku sadhereke estri.

maca bab lengkap 1 Babad 3