Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 29:15-30 Kitab Sutji (JAV)

15. Amargi kawula punika sami tiyang manca wonten ing ngarsa Paduka saha sami tiyang neneka sami kadosdene leluhur kawula sadaya; dinten kawula wonten ing bumi punika kados wewayangan saha sami boten gadhah pangajeng-ajeng.

16. Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, barang-barang ingkang kathahipun ngantos samanten, ingkang sami kawula cawisaken punika badhe kangge ngyasakaken padaleman Paduka, kagem asma Paduka ingkang suci, punika sadaya piangkanipun saking asta Paduka piyambak saha sadaya punika kagungan Paduka.

17. Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.

18. Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Eyang Abraham, Iskak saha Israel, para leluhur kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nglestantunaken manahipun umat Paduka ingkang kados makaten punika sarta manahipun mugi tansah Paduka adhepaken dhumateng Paduka.

19. Salajengipun Paduka karsaa maringi manah ingkang tulus dhumateng Suleman, anak kawula, supados saged tansah gondhelan dhumateng ing sakathahing dhawuh Paduka tuwin pepenget Paduka sarta pranatan Paduka, punapa dene saged nglampahi punika sadaya saha saged yasa padaleman, ingkang sampun kawula cawisi samudayanipun punika.”

20. Sawuse mangkono Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang wong sapasamuwan kabeh iku: “Padha memujia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira!” Wong sapasamuwan kabeh nuli padha memuji marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, tumuli padha jengkeng sujud marang Pangeran Yehuwah tuwin marang Sang Nata.

21. Esuke padha saos kurban sembelehan lan kurban obaran marang Pangeran Yehuwah, yaiku sapi sewu, wedhus lanang sewu, cempe sewu, kalawan kurban-kurban unjuk-unjukan sarta kurban sembelehan akeh banget demi Israel kabeh.

22. Ing dina iku banjur padha mangan lan ngombe ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah kalawan kabungahan gedhe; sawuse iku tumuli padha mindhoni anggone njumenengake dadi ratu Pangeran Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, sarta njebadi panjenengane anggone jumeneng ratu kagem Pangeran Yehuwah lan uga njebadi Zadhok dadi imam.

23. Sang Prabu Suleman tumuli lenggah nggentosi Sang Prabu Dawud, kang rama, ing dhampar kaprabon kang katetepake dening Sang Yehuwah, lestari anggone jumeneng, lan saben wong Israel mituhu marang pangandikane.

24. Sakehe pemimpin lan para prawira sarta uga para putrane Sang Prabu Dawud padha ngakeni pangwaose Sang Prabu Suleman.

25. Pangeran Yehuwah ndadosake Sang Prabu Suleman luhur luwih dening banget ana ing ngarepe wong Israel kabeh lan maringi marang panjenengane kaagunganing karajan kaya kang durung tau dialami dening sakehe ratu ing Israel kang ngasta paprentahan sadurunge panjenengane.

26. Kaya mangkono anggone Sang Prabu Dawud putrane Sang Isai wus ngasta paprentahan ing saindenging tanah Israel.

27. Anggone ngratoni wong Israel lawase patang puluh taun; ana ing Hebron pitung taun lan ana ing Yerusalem anggone jumeneng telung puluh telu taun.

28. Sang Nata banjur seda, yaiku bareng wus pethak remane, wus sepuh ing yuswa, sugenge kebak kasugihan lan kamulyan; Pangeran Suleman kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

29. Mungguh riwayate Sang Prabu Dawud wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan ana ing riwayate Nabi Samuel, wong sidik, lan ana ing riwayate Nabi Natan sarta ing riwayate Nabi Gad, wong sidik,

30. iya bab sugenge kabeh nalika jumeneng ratu lan kaprawirane, kaananing jaman kang dialami panjenengane lan kang dialami Israel sarta sakehing karajan ing nagara-nagara liyane.

maca bab lengkap 1 Babad 29