Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 29:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Dawud ngandika marang wong sapasamuwan kabeh: “Suleman, kang kapilih dhewe dening Gusti Allah, iku isih enom lan kurang pangalaman, mangka pagawean iki gedhe, saba padaleman iki ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah Allah.

2. Sabisa-bisaningsun ingsun wus cecawis kanggo padalemaning Gusti Allahingsun, yaiku emas kanggo gawe barang-barang emas, salaka kanggo gawe barang-barang salaka, tembaga kanggo gawe barang-barang tembaga, wesi kanggo gawe barang-barang wesi, lan kayu kanggo gawe barang-barang kayu, sesotya soham lan sesotya kang kanggo ing embanan, sesotya ireng lan sesotya kang manca warna, sarta sawernane sesotya kang larang apadene marmer putih akeh banget.

3. Sarta maneh marga saka tresnaningsun marang padalemaning Allahingsun, minangka wuwuhe sakehe barang kang wus suncawisake kanggo dalem pasucen, iki ingsun iya nyaosake marang padalemaning Allahingsun lan salaka kagunganingsun piyambak

4. emas telung ewu talenta, yaiku emas weton ing tanah Ofir, lan salaka tulen pitung ewu talenta kanggo nglapisi temboking gedhong-gedhong,

5. yaiku emase kanggo barang-barang emas, lan salakane kanggo barang-barang salaka sarta kanggo sabarang kang digawe dening para tukang. Mulane sapa kang ing dina iki kanthi eklas nyaosake pisungsung marang Pangeran Yehuwah?”

6. Ing kono para tetindhihing kulawangsa lan para tetindhihing suku Israel sarta para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus apadene para leluhuring pagawean kagem Sang Nata banjur padha ngaturake kasaguhane kalawan legawaning ati.

7. Padha ngaturake kanggo pangibadah ing padalemaning Allah emas limang ewu talenta lan sapuluh ewu darika, salaka sapuluh ewu talenta lan tembaga wolulas ewu talenta sarta wesi satus ewu talenta.

8. Kang duwe sesotya padha masrahake iku marang Yahiel, turune Gerson, minangka betamaling padalemane Pangeran Yehuwah.

9. Wong sabangsa padha bungah marga saka anggone padha urun kalawan legawaning ati mau, awit kalawan gumolonging ati anggone padha nyaosake pisungsung manasuka marang Pangeran Yehuwah; Sang Prabu Dawud uga rena banget ing panggalih.

10. Sang Prabu Dawud banjur memuji marang Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe wong sapasamuwan iku kabeh. Unjuke Sang Prabu Dawud: “Pinujia Paduka dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula Israel , saking kalanggengan dumugi kalanggengan.

11. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.

12. Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.

13. Sapunika, dhuh Allah kawula, kawula sadaya sami ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka saha sami ngluhuraken asma Paduka ingkang agung punika.

14. Amargi sinten ta kawula punika saha punapa ta bangsa kawula punika, dene kawula sami saged ngunjukaken pisungsung manasuka kadosdene sapunika punika? Awit saking Paduka pinangkanipun samukawis sadaya saha inggih saking asta Paduka piyambak pinangkanipun pisungsung ingkang sami kawula unjukaken dhumateng Paduka punika.

15. Amargi kawula punika sami tiyang manca wonten ing ngarsa Paduka saha sami tiyang neneka sami kadosdene leluhur kawula sadaya; dinten kawula wonten ing bumi punika kados wewayangan saha sami boten gadhah pangajeng-ajeng.

maca bab lengkap 1 Babad 29