Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 27:23-34 Kitab Sutji (JAV)

23. Sang Prabu Dawud ora ngetang cacahe wong kang umure rong puluh taun mangisor, sabab Pangeran Yehuwah wus prajanji, wong Israel bakal kadadekake padha kehe karo lintang-lintang ing langit.

24. Sang Yoab, putrane Sang Zeruya, pancen wus wiwit ngetang nanging ora karampungake, awit marga saka iku wong Israel banjur katempuh ing bebendu; mulane cacahe ora dipengeti ana ing buku sejarahe Sang Prabu Dawud.

25. Kang rumeksa marang pacawisane Sang Prabu yaiku Sang Azmawet bin Adiel, dene kang rumeksa marang pasadhiyan ing sajabaning kutha, ing kutha-kutha, ing desa-desa lan ing sajrone lumbung-lumbung panggung yaiku Sang Yonatan bin Uzia.

26. Kang nglurahi para among tani kang kajibah ngolah tanah yaiku Sang Ezri bin Kelub.

27. Kang dadi lelurahing kebon-kebon anggur yaiku Sang Simei, wong ing Rama. Kang nglurahi pametuning pakebonan anggur kanggo pasadhiyan anggur yaiku Sang Zabdi, wong ing Syifmi.

28. Kang dadi lelurahing wit jaitun lan wit sikma ing Tanah-Ngare yaiku Sang Baal-Hanan, wong Gederi; kang nglurahi pasadhiyan lenga jaitun Sang Yoas.

29. Kang dadi lelurahing sapi kang padha diengon ana ing tanah Saron yaiku Sang Sitrai, wong ing Saron, dene kang nglurahi sapi kang padha ana ing lebak-lebak yaiku Sang Safat bin Adlai.

30. Kang dadi lelurahing unta yaiku Sang Obil, wong Ismael; kang nglurahi kuldi wadon yaiku Sang Yekhdeya, wong ing Meronot.

31. Kang nglurahi wedhus yaiku Sang Yazis, wong ing Hagri. Iku kabeh para abdi kang rumeksa marang raja-darbe kagungane Sang Prabu Dawud.

32. Sang Yonatan, sadhereke kang ramane Sang Prabu Dawud, iku dadi juru pirembag, iku pinter lan ahli kitab. Sang Yehiel, bin Hakhmoni iku dadi pamomonge para putrane Sang Prabu.

33. Sang Akhitofel iku juru pirembage Sang Nata; Sang Husai, wong ing Arki, iku mitrane Sang Prabu.

34. Ing tembe Sang Akhitofel digenteni Sang Yoyadha bin Benaya lan Sang Abyatar. Kang dadi senapatining Sang Nata Sang Yoab.

maca bab lengkap 1 Babad 27