Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 26:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Dene Meselemya duwe anak wolulas, klebu sadulure, iku wong gagah prakosa.

10. Hosa saka bani Merari uga duwe anak, yaiku Simri, iku dadi lelurah sabab sanadyan dudu anak mbarep, nanging didadekake lelurah dening bapakne --

11. nuli Hilkia, anak kang angka loro. Tebalya, kang angka telu lan Zakharia, kang angka papat. Anak lan sadulure Hosa iku ana telulas.

12. Golongan-golonganing kang padha jaga lawang, kang kabage-bage miturut lelurahing kulawarga iku kawajiban leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha kaya sadulur-sadulure tunggal suku.

13. Kanggo saben gapura anggone njaga sarana nguncalake undhi, manut kulawangsa-kulawangsane, tumrap kulawangsa kang gedhe lan iya tumrap kang cilik.

14. Undhian kanggo lawang wetan tumiba marang Selemya; sabanjure padha nguncalake undhi kanggo Zakharia, anake sawijining juru pirembug kang wasis, tumibaning undhian kanggo lawang lor.

15. Kanggo Obed-Edom lawang kidul lan kanggo anak-anake gedhong pasimpenan.

16. Kanggo Supim lan Hosa lawamg kulon karo gapura Syalekhet ing dalan gedhe uggah-unggahan. Wong jaga kang siji dipapanake sadhing sijine.

17. Ing sisih wetan saben dinane ana wong enem, ing sisih lor wong papat ing sisih kidul wong papat saben dinane, nanging ing gedhong pasimpenan wonge mesthi loro;

maca bab lengkap 1 Babad 26