Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 26:23-32 Kitab Sutji (JAV)

23. Saka bani Amram, bani Yizhar, bani Hebron lan bani Uziel

24. yaiku Sebuel bin Gersom bin Musa kang dadi lelurahing barang-barang.

25. Sanak sadulure Sebuel kang katurunake dening Eliezer yaiku Rehabya anake Eliezer, lan Yesaya anake Rehabya, lan Yoram anake Yesaya, lan Zikhri anake Yoram, lan Selomit anake Zikhri.

26. Selomit iku karo sanak sadulure padha rumeksa marang barang-barang suci kang wus kasucekake dening Sang Prabu Dawud, para panggedhening kulawangsa, para tetindhihing wadya-bala sewu, wadya-bala satus lan para panggedhening wadya-bala.

27. Iku wus padha nyucekake barang-barang jarahan perang kanggo gawe endahing padalemane Pangeran Yehuwah.

28. Uga samubarang kabeh kang wus kasucekake dening Nabi Samuel, wong sidik, dening Sang Prabu Saul bin Kisy, dening Senapati Abner bin Ner, dening senapati Yoab bin Zeruya, malah sakehing barang kang wus kasucekake iku padha direksa dening Selomit sasanak sadulure.

29. Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.

30. Saka bani Hebron yaiku Hasabya sasanak-sadulure, iku padha gagah prakosa, cacahe wong sewu pitung atus; iku dipasrahi urusan paprentahan Israel ing sakulone bengawan Yarden ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Pangeran Yehuwah lan sakehe pagawean kang kagem Sang Nata.

31. Saka bani Hebron yaiku Yeria, iku kang dadi tetindhihe. Mungguh wong Hebron iki, turune lan kulawangsane, ing taun kang kaping patang puluhe jamane paprentahane Sang Prabu Dawud, katiti-priksa lan panunggalane tinemu ana gegedhug-gegedhuge kang gagah prakosa, yaiku ing Yaezer-Gilead.

32. Sanak sadulure Yeria, para wong kang gagah prakosa lan kang padha dadi lelurahing kulawangsa, ana rong ewu pitung atus. Iku padha diangkat dening Sang Prabu Dawud dadi panggedhening bani Ruben, bani Gad lan saparone suku Manasye, ing bab sakehing prakara kang tumuju marang Gusti Allah lan kang tumuju marang Sang Nata.

maca bab lengkap 1 Babad 26