Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 26:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene tumrap golonganing para jaga lawang: saka bani Korakh yaiku Meselemya bin Kore saka turune Ebyasaf.

2. Meselemya duwe anak, yaiku Zakharia, iku kang pambarep, Yediael, anak kang angka loro, Zebaja, anak kang angka telu, Yatniel, anak kang angka papat,

3. Elam, kang angka lima, Yohanan, kang angka enem, Elyoenai, kang angka pitu.

4. Obed-Edom duwe anak, yaiku Semaya, kang pambarep, Yozabad, kang angka loro, Yoah, kang angka telu, Sakhar kang angka papat, Netaneel, kang angka lima,

5. Amiel, kang angka enem, Isakhar, kang angka pitu lan Peuletai, kang angka wolu, amarga kaberkahan dening Gusti Allah.

6. Semaya, anake Obed-Edom mau, duwe anak, kang padha dadi lelurahing kulawangsane, sabab padha wong prawira kang gagah prakosa.

7. Dene anak-anake Semaya iku yaiku Otni, Refael, Obed lan Elzabad sarta para sadulure, yaiku Elihu lan Semakhya, kabeh padha gagah prakosa.

8. Iku kabeh padha turune Obed-Edom, iya wong-wong iku dhewe, para anake lan para sadulure, kabeh padha wong gagah prakosa, sembada tumrap pagaweane, cacahe sawidak loro saka Obed-Edom.

9. Dene Meselemya duwe anak wolulas, klebu sadulure, iku wong gagah prakosa.

10. Hosa saka bani Merari uga duwe anak, yaiku Simri, iku dadi lelurah sabab sanadyan dudu anak mbarep, nanging didadekake lelurah dening bapakne --

11. nuli Hilkia, anak kang angka loro. Tebalya, kang angka telu lan Zakharia, kang angka papat. Anak lan sadulure Hosa iku ana telulas.

12. Golongan-golonganing kang padha jaga lawang, kang kabage-bage miturut lelurahing kulawarga iku kawajiban leladi ana ing padalemaning Sang Yehuwah, padha kaya sadulur-sadulure tunggal suku.

13. Kanggo saben gapura anggone njaga sarana nguncalake undhi, manut kulawangsa-kulawangsane, tumrap kulawangsa kang gedhe lan iya tumrap kang cilik.

maca bab lengkap 1 Babad 26