Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 25:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.

9. Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;

10. Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

11. kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

12. kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

13. kang kaping nem tumiba marang Bukia, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

14. kang kaping pitu tumiba marang Yesarela anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

15. kang kaping wolu tumiba marang Yesaya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

16. kang kaping sanga tumiba marang Matanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

17. kang kaping sapuluh tumiba marang Simei, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

maca bab lengkap 1 Babad 25