8. Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.
9. Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;
10. Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
11. kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
12. kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;
13. kang kaping nem tumiba marang Bukia, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;