Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Babad 25:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sateruse kanggo pangibadah Sang Prabu Dawud lan para panggedhening wadya-bala padha ngangkat para anake Asaf, para anake Heman lan para anake Yedutun. Iku padha medhar wangsit kalawan diiringi clempung, slukat lan kecer. Daftare para wong kang padha nindakake pagawean ing sajrone pangibadah iku mangkene:

2. saka anake Asaf yaiku Zakur, Yusuf, Netanya lan Arasela, para anake Asaf iku kapimpin dening Asaf, kang medhar wangsit kanthi pitedahe Sang Prabu.

3. Saka Yedutun yaiku anak-anake Yedutun: Gedalya, Zeri, Yesaya, Simei, Hasabya lan Matica, gunggung ana enem, iku katuntun dening bapakne, Yedutun, kang medhar wangsit diiringi ing clempung nalika ngrepekake kidung panuwun lan pepujian kagem Pangeran Yehuwah.

4. Saka Heman yaiku anak-anake Heman: Bukia, Matanya, Uziel, Sebuel, Yerimot, Hananya, Hanani, Eliata, Gidalti, Romamti-Ezer, Yosbekasa, Maloti, Hotir lan Mahaziot.

5. Iku kabeh padha anake Heman, juru sidike Sang Nata, manut janjine Gusti Allah kanggo ngluhurake singating kakiyatane; sabab Gusti Allah wus maringi anak marang Heman, lanang patbelas lan wadon telu.

6. Kabeh iku padha kapimpin dening bapakne manawa pinuju ngrepekake kekidungan ana ing padalemaning Sang Yehuwah diiringi ing clempung, slukat lan kecer kanggo pangibadah ana ing padalemaning Allah kalawan pitedahe Sang Prabu. Kaya mangkono iku bani Asaf, Yedutun lan Heman.

7. Cacahe karo para sadulure kang wus kagladhi ngidung kagem Pangeran Yehuwah -- kabeh iku padha ahli seni -- iku ana rong atus wolung puluh wolu.

8. Tuwa anom, guru lan murid, padha nguncalake undhi kanggo bubuhane.

9. Undhian kang kawitan tumiba marang Yusuf wong asaf; kang kapindho tumiba marang Gedalya karo sadulur-sadulure lan anak-anake, gunggung wong rolas;

10. Undhian kang katelu tumiba marang Zakur, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

11. kang kaping pat tumiba marang Yizri, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

12. kang kaping lima tumiba marang Netanya, anak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong rolas;

maca bab lengkap 1 Babad 25